Wednesday, December 3, 2008

JATAH LAMONGAN

kudune tanggal 30 nov wingi aku lan ndol ji menyang lamongan, ananging amarga si monic (ndol ro) ora entuk di gawa/ajak aku lan ndol ji trima ora menyang,….tinimbang aku lan ndol ji menyang ‘refresing’ ananging pikiran mikir monic sik ana neng omah….yen arep menyang salah siji aku yoo ora mentala, semana uga ndol ji

jalaran ora sido ngangkati ‘jatah lamongan’ kui mau mula aku yo ‘mrei’ mangayubya para kanca sik pada tindak.

malah dadi iso seneng neng ati amarga neng ngomah iso ngancani monic dolanan play station (pi-es arane monic) kang tak lakokna ing komputer nganggo program ePSXe kang sakdurunge wis tak download saka internet…..

dina iki aku wis mulai makarya maneh…..mula aku iso ngisi tulisan iki

No comments:

Post a Comment

ARRL Amateur Radio News